Menawa weruh manuk alap-alap, mesthi aku banjur kelingan Lik Gareng. Wanita tangga desa iku embuh asline jenenge Gareng apa dudu, sing genah, kawit aku cilik sakngertiku wong-wong nyeluke ya Rang Reng Rang Reng Gareng. Geneya aku kelingan Lik Gareng menawa weruh manuk alap-alap?
Critane mangkene, pas aku kelas loro SD, mlebuku awan. Kerep wae aku mangkate gasik, merga karo dolanan ning ndalan. Wektu iku pancen bocah sekolah lumrahe kabeh padha mlaku mangkat mulih sekolah, Sawijining dina, pas enak enak mlaku bareng kancaku mangkat sekolah, weruh ana manuk ning langit sisih kulon. Manuke swiwine kaya mabur ning meneng ning nggon, dadi kaya kaya lagi njoged. Weruh iku aku lan kancaku tudang tuding mbengoki manuk iku. Lha pas kuwi Lik gareng lewat. "Kuwi jenenge manuk alap-alap, Ning" kandhane.
Pancen kawit mbiyen yen nyeluk aku kanthi sebutan "Ning". Wayah mono kuwi sering ketemu ning ndalan. Lik Gareng budhal menyang alas golek godong jati. Godong godong kuwi didol kanggo buntel tempe utawa kanggo buntel janganan. Jaman mbiyen nek blanja janganan buntele pancen godhong. Kadang kadang Lik Gareng ya golek kayu brencek.
Menawa nyawang yo sajak memelas. Lik Gareng piyantune endek, mlakune ora pati jejeg. Dinggo nggendong godong utawa kayu sansaya katon diglug-diglug.
Ngancik jaman kuliah aku wis ratau meneh kepethuk Lik Gareng. Nganti aku akhire krungu kabar menawa piyambake wis kapundut nalika mlaku tekan pinggire desaku. Dalan sing saben dina dipecaki dadi seksi akhir crita uripe. Muga muga Lik Gareng husnul khotimah. Amin
Comments
Post a Comment