Skip to main content

Gethuk Semar Karanganyar

Gethuk Semar

Sapa sing durung ngerti gethuk? Gethuk iku panganan tradisionale wong Jawa sing diolah saka tela menyok. Gethuk isih gampang ditemoni ning pasar-pasar utawa toko roti sing nyediakna jajan pasar. Malah ning kutha-kutha tartamtu, gethuk uga dadi oleh-oleh sing khas. Nanging aku ora pati seneng karo gethuk oleh-oleh ngono kuwi, amerga racake wis diwenehi maneka rasa lan pengawet. Katitik rasane wis adoh karo rasa gethuk asli. Yo wajar yen gethuk oleh-oleh diwenehi pengawet, amarga pancen gethuk iku ora tahan suwe, alias gampang mambu.

Menawa ning Ngawi, aku isih asring nggawe gethuk dewe amarga bapakku nandur tela turut galengan sawah. Tela sing arep digawe gethuk kudu tela sing medhok, empur. Cara gampang nggawe gethuk yaiku, tela menyok dikukus bareng parutan kambil, menawa wis medhok dientas, dijojoh nganti lembut barengan uyah lan gula. Terus diladekna nganggo parutan kambil. Nyam...nyam...



Lha ning Karanganyar, aku nemu gethuk sing ora nganggo pengawet. Ngertine mbiyen awale, mbuh tahun 2015 apa 2016 ngono, ana tamu sing nggawakne oleh-oleh gethuk sing merk e "Gethuk Semar" iki. Bareng ngrasakne, byuh lha kok jebule enak banget gethuke. Prejengane ngono ya jane biasa wae, kaya gethuk sing sering tak gawe ngono, ning rasane empuk, arum, gurih telane, legit. Beda adoh karo gethuk gaweyanku wkwkwk. Bar ngono terus tuman, anjeg tuku dewe. Malah pas ning acara arisan keluarga sering gethuk Semar iki dinggo pasugatan. Ee lha kok ya padha remen jebule.

Sakurunge ngerti gethuk Semar iki, aku wis sering krungu babagan gethuk Kethek ning daerah Salatiga. Durung tau weruh wujude, ning bayanganku ya mirip gethuk Semar iki, amarga jarene ya gampang mambu. Dene Gethuk Semar iki produksine Hj Nurul Retno ing Karangpandan, Karanganyar. Nanging ora usah kuatir sing omahe adoh saka Karangpandan, gethuk Semar nduweni outlet ing panggonan-panggonan liya. Kayata ing Karanganyar, outlet e manggon ana ing Badran, Cangakan, Karanganyar. Saka alun-alun ngetan sithik, terus menggok ngiwa. Biyen ning Sragen ya ana, nanging bareng aku mampir arep tuku maneh, lha kok wis ganti dadi gethuk Presiden. Mungkin sing duwe outlet nggawe gethuk dewe, sing mirip gethuk Semar, dijenengi gethuk Presiden iku. (Update: jare bojoku ana outlet Gethuk Semar ing salah sawijine rumah sakit ning Sragen). Ning Solo biyen ya ana, ning jalan Slamet Riyadi, kulone Gladag. Ning saiki embuh ijik apa ora, merga aku wis suwe ora liwat kana.

Gethuk Semar Goreng
Masiya isa kanggo oleh-oleh, nanging gethuk Semar iki ora tahan suwe, merga ora nganggo pengawet. Kira-kira mung kuat 8 jam ing suhu ruang. Dene yen dilebokna kulkas isa tahan 2 dina (luwih saka kuwi durung ngerti aku, merga urung tau nyoba, wis selak entek hehe). Gethuke ana rong werna, gethuk biasa karo gethuk goreng. Gethuk goreng iku gethuk biasa digoreng nganggo lapisan glepung panir. Gethuk biasa regane sakkotak 15 ewu, isine 18 iris. Dene gethuk gorenge aku lali regane wkwkwk...maap.


Ning Ngawi barang saiki ya ana gethuk model ngene iki, kira-kira ya terinspirasi gethuk Semar paling. Jenenge gethuk "Anyar". Jan, gethuk saiki dadi moncer ngono...aku ya melu seneng. Muga-muga saya akeh meneh panganan tradisional sing moncer, kareben ora ilang kagiles jaman.

Comments

  1. Hai Bunda, jangan lupa ikutan lomba foto sama lomba nyanyi #bazaarbunda2 di Jogja, berhadiah jutaan rupiah & free treatment 1 tahun loh. Cek instagram kami yaa @bundaestibabyspa. Info/pendaftaran: WA: 0838-4905-1617 (Ana)

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

Mbah Kliwon

" Mbah Kliwon wis ra isa golek kayu, wis ora weruh paningale. Amit, ngene iki kahanane. Saiki wis digawa sanak kadange mbalik ning papan asale " mengkono salah sijine anggota grup WAG menehi kabar lan foto ngenani Mbah Kliwon. Aku rada kaget maca kabar iku, amarga ndik dina minggu aku isih meruhi mbah Kliwon turu ana gerdu pertelon desaku. Pancen wis dadi kebiasaane leyeh-leyeh utawa turu bengi ana papan kono. Banjur mak nyuuuttt, aku dadi kelingan prastawa jaman cilikanku. Aku lali kelas pira, sing jelas aku isih SD. Mungkin sekitar tahun 1995. Awan iku, sakbubare sekolah, aku sakkanca pating blulung ning isor uwit nggulun e Mbah Yat. Woh nggulun sing kecut lan "keras" kuwi pancen dadi kasenenganku sakkanca. Menawa wis bar mangan rada akeh, atop e dadi kaya bar ngombe sprite. Panas panas nyegrak... unik tenan. Mbuh saiki isih ana sing nduwe wit e ora. Nek nggone Mbah Yat sih wis ditegor. Mbalik meneh ngenani Mbah Kliwon. Nalika iku bocah-

Daily Javanese Expressions

Sugeng enjing : Good morning Sugeng siang  : Good afternoon Sugeng sonten: Good evening Sugeng dalu   : Good night Nuwun sewu : Excuse me Mboten napa-napa : It doesn't matter Matur nuwun : Thank you Sami-sami : You're welcome Ngatos-ngatos : Take care Nggih : Yes Mboten: No Badhe tindak pundi? : Where are you going? Pripun kabare? : How are you? Sae-sae kemawon : I am fine Njenengan saking pundi?: Where are you from? Njenengan namine sinten?: What is your name? Kula Nina : I am Nina .