Skip to main content

Posts

Showing posts from October, 2019

Mbah Kliwon

" Mbah Kliwon wis ra isa golek kayu, wis ora weruh paningale. Amit, ngene iki kahanane. Saiki wis digawa sanak kadange mbalik ning papan asale " mengkono salah sijine anggota grup WAG menehi kabar lan foto ngenani Mbah Kliwon. Aku rada kaget maca kabar iku, amarga ndik dina minggu aku isih meruhi mbah Kliwon turu ana gerdu pertelon desaku. Pancen wis dadi kebiasaane leyeh-leyeh utawa turu bengi ana papan kono. Banjur mak nyuuuttt, aku dadi kelingan prastawa jaman cilikanku. Aku lali kelas pira, sing jelas aku isih SD. Mungkin sekitar tahun 1995. Awan iku, sakbubare sekolah, aku sakkanca pating blulung ning isor uwit nggulun e Mbah Yat. Woh nggulun sing kecut lan "keras" kuwi pancen dadi kasenenganku sakkanca. Menawa wis bar mangan rada akeh, atop e dadi kaya bar ngombe sprite. Panas panas nyegrak... unik tenan. Mbuh saiki isih ana sing nduwe wit e ora. Nek nggone Mbah Yat sih wis ditegor. Mbalik meneh ngenani Mbah Kliwon. Nalika iku bocah-