Skip to main content

Posts

Showing posts from February, 2018

Gethuk Semar Karanganyar

Gethuk Semar Sapa sing durung ngerti gethuk? Gethuk iku panganan tradisionale wong Jawa sing diolah saka tela menyok. Gethuk isih gampang ditemoni ning pasar-pasar utawa toko roti sing nyediakna jajan pasar. Malah ning kutha-kutha tartamtu, gethuk uga dadi oleh-oleh sing khas. Nanging aku ora pati seneng karo gethuk oleh-oleh ngono kuwi, amerga racake wis diwenehi maneka rasa lan pengawet. Katitik rasane wis adoh karo rasa gethuk asli. Yo wajar yen gethuk oleh-oleh diwenehi pengawet, amarga pancen gethuk iku ora tahan suwe, alias gampang mambu. Menawa ning Ngawi, aku isih asring nggawe gethuk dewe amarga bapakku nandur tela turut galengan sawah. Tela sing arep digawe gethuk kudu tela sing medhok, empur. Cara gampang nggawe gethuk yaiku, tela menyok dikukus bareng parutan kambil, menawa wis medhok dientas, dijojoh nganti lembut barengan uyah lan gula. Terus diladekna nganggo parutan kambil. Nyam...nyam... Lha ning Karanganyar, aku nemu gethuk sing ora nganggo pen