"Mbah Kliwon wis ra isa golek kayu, wis ora weruh paningale. Amit, ngene iki kahanane. Saiki wis digawa sanak kadange mbalik ning papan asale" mengkono salah sijine anggota grup WAG menehi kabar lan foto ngenani Mbah Kliwon.
Aku rada kaget maca kabar iku, amarga ndik dina minggu aku isih meruhi mbah Kliwon turu ana gerdu pertelon desaku. Pancen wis dadi kebiasaane leyeh-leyeh utawa turu bengi ana papan kono.
Banjur mak nyuuuttt, aku dadi kelingan prastawa jaman cilikanku. Aku lali kelas pira, sing jelas aku isih SD. Mungkin sekitar tahun 1995. Awan iku, sakbubare sekolah, aku sakkanca pating blulung ning isor uwit nggulun e Mbah Yat. Woh nggulun sing kecut lan "keras" kuwi pancen dadi kasenenganku sakkanca. Menawa wis bar mangan rada akeh, atop e dadi kaya bar ngombe sprite. Panas panas nyegrak... unik tenan. Mbuh saiki isih ana sing nduwe wit e ora. Nek nggone Mbah Yat sih wis ditegor.
Mbalik meneh ngenani Mbah Kliwon. Nalika iku bocah-bocah iwut njupuki woh nggulun, mara-mara ana pawongan lanang, wis setengah umur nyolot lan munggah wit nggulun iku. Bocah-bocah kalebu aku dadi kaget. Piye leh ora kaget, pawongan iku amung nganggo awer-awer celana njero thok thil, tur aku sak kanca ora ana sing kenal. Sawetara bocah bengak-bengok "wong edan ... wong edan!" Liyane padha sumingkir rada adoh.
Ya nalika kedadeyan kuwi aku weruh Mbah Kliwon sing pisanan. Mbiyen aku mikire wong ra genep. Ya nalika lagi teka ning ndesaku kuwi, Mbah Kliwon urip melu ning omahe Mbah Bayan sawetara tahun. Terus pindah ning pinggir kali, nggawe gubug amor karo wedhuse manggoni lemahe warga liya.
Panggautane ngingu pitik lan wedhus, lan uga srabutan menawa ana warga sing butuh tenagane, kaya ngethok kayu utawa resik-resik tegal. Sakjane dedeg piadege gedhe duwur. Awake gothot tanpa gajih. Brengose lumayan dawa. Menawa crita suarane gedhe.
Saiki Mbah Kliwon wis kaya Gatutkaca kelangan gapit. Muga-muga wae diparingi kesarasan saka gerah sing disandhang.
Comments
Post a Comment